Lirik Lagu Didi Kempot: Bapak
Rambut wis ra ireng
Wis malih rupane
Ireng dadi putih saikine
Dino tambah dino
Umur tambah tuwo
Nanging koyo-koyo ora diroso
Ngadeg dadi jagad
Nyonggo piringe anak
Mempeng kerjo ora mikir rogo
Paribasan umur
Wis akeh cacahe
Nganti bingung anggonku ngitunge
Bapak…bapaktekadmu kuwi tak puji
Bapak bapak kowe koyo senopati
Bapak bapak panasmu ngungkuli geni
Bapak bapak keno angin soyo ndadi
Senajan uwis tuwo
Nekad mempeng kerjo
Nyambut gawe kanggo nguripi kluargo
Bapak snajan umurmu wis tuwo
nanging tekadmu biso dadi tulodho
aku anakmu mung biso memuji Mugo-mugo bapak tansah pinaringan bagas
waras saking gusti kang moho kuwoso
kulo pak, anak sampean
Lirik Lagu Didi Kempot: Bapak